Cundhuk Mentul
Cunduk
mentul inggih punika perhiasan ingkang diagem ing inggil konde kang dipasang
ing inggil ukel marak wingking. Cunduk mentul anggadhai bentuk resi, wujude
kaya sekar ingkang nembe mekar menika nggambaraken sinar surya kang nembe
berpijar maringi kesugengan.
Cunduk
mentul punika saking tembung cunduk, inggih punika tiyang istri kedah tunduk
utawi patuh dening sedaya perintah saking semahipun. Lan tembung mentul punika
dipun pendet saking lakune tiyang jawi ingkang ngangguk marang setunggalipun
perkara. Cuunduk mentul punika dados simbol saking rasa cocok tiyang istri kang
purun didadosaken semah dening tiyang kakung.
Cunduk mentul punika dipun damel saking
wesi dilapisi perak, watu pertama lan pring ingkang disaeaken ngangge ronce
sekar melati. Cacahe cunduk mentul ingkang diagem pengantin punika saged
benten-benten, cunduk mentul saged diagem nggangge cacah 3, 5, 7 lan 9. Sak
lintunipun cacahe kang benten-benten, cunduk mentul punika nggadhai bentuk kang
benten-benten. Wonten bentuk kupu, sekar lan liman. Saben bentuk menika
nggadhai makna piambak-piambak.