Minggu, 12 Februari 2017

Tugas Bahasa Jawa Deskripsi Cundhuk Metul


Cundhuk Mentul

 
 
Cunduk mentul inggih punika perhiasan ingkang diagem ing inggil konde kang dipasang ing inggil ukel marak wingking. Cunduk mentul anggadhai bentuk resi, wujude kaya sekar ingkang nembe mekar menika nggambaraken sinar surya kang nembe berpijar maringi kesugengan.
Cunduk mentul punika saking tembung cunduk, inggih punika tiyang istri kedah tunduk utawi patuh dening sedaya perintah saking semahipun. Lan tembung mentul punika dipun pendet saking lakune tiyang jawi ingkang ngangguk marang setunggalipun perkara. Cuunduk mentul punika dados simbol saking rasa cocok tiyang istri kang purun didadosaken semah dening tiyang kakung.
Cunduk mentul punika dipun damel saking wesi dilapisi perak, watu pertama lan pring ingkang disaeaken ngangge ronce sekar melati. Cacahe cunduk mentul ingkang diagem pengantin punika saged benten-benten, cunduk mentul saged diagem nggangge cacah 3, 5, 7 lan 9. Sak lintunipun cacahe kang benten-benten, cunduk mentul punika nggadhai bentuk kang benten-benten. Wonten bentuk kupu, sekar lan liman. Saben bentuk menika nggadhai makna piambak-piambak.